بسم الله الرحمن الرحيم اللهم صل صلاة كاملة وسلم سلاماتاما على سيدنا محمدالذى تنحل به العقد وتنفرج به الكرب وتقضى به الحوائج وتنال به الرغائب وحسن الخواتم ويستسقى الغمام بوجهه الكريم وعلى اله وصحبه في كل لمحة ونفس بعدد كل معلوم لك

Kamis, 26 Mei 2011

Jembare Rohmating Pengeran

Bismillahirrohmaanirrohim
hamdan wa sholaatan wa salaaman......
Dipun kisahke wonten awaling kitab Mawa'idzul Ushfuriyyah...,dene satunggaling wekdal Sayyidina Umar r.a tindak wonten ing gang ganging kutho Makkatul Mukarromah  kolo puniko Sayyidina Umar r.a. sumerep bilih wonten lare alit ingkang dolanan peksi/manuk mprit lare puniko dolanan peksi puniko kanti sawajareng lare alit ingkang nuwunsyewu rodo mesakke maring peksi kolo wau kranten  dipun kagem bur-buran 
Sumerep Kahanan puniko....cukul raos welas dateng peksi puniko saking puniko peksi puniko pun pundut/pun tumbas/dituku dening panjenenganipun Umar r.a. teras pun culke wonten alam bebas 
singkat cerita.......
semangsane sayyidina Umar r.a sampun wafat wonten setunggaling shohabat ingkang nyumpeno/ngimpi pinanggih sayyidina Umar r.a. banjur taken kaliyan panjenenganipun kepripun kahanan panjenengan wonten 'alam "mriko"   sayyidina Umar mangsuli "Kulo ayem tentrem"
banjur shohabat wau taken malih  kelawan pundineng amal Panjenengan pinaringan slamet? 
> singkatan meneh......
Gusti Alloh paring welas dateng kulo sebab sijineng wekdal nate tumbas peksi ingkang seg nlongso banjur kulo melas,kulo tumbas banjur kulo bebaske saking lare ingkang tanpo sa pangertene piyambake nyikso peksi/manuk puniko.....lumantar sakpersit roso welas puniko Gusti alloh paring welas ingkang mboten kaetang jembare
mekaten sak klumit crito ingkang kulo kenetan saking Mawa'idzhul 'Ushfuriyyah tesih katah malih ingkang pun critakke wonten mriko...mugi anak putu sami saged nderek ngaji...mboten nemen-nemen antuke bodho kados kulo niki...
Amiin..........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar