بسم الله الرحمن الرحيم اللهم صل صلاة كاملة وسلم سلاماتاما على سيدنا محمدالذى تنحل به العقد وتنفرج به الكرب وتقضى به الحوائج وتنال به الرغائب وحسن الخواتم ويستسقى الغمام بوجهه الكريم وعلى اله وصحبه في كل لمحة ونفس بعدد كل معلوم لك

Minggu, 29 Mei 2011

Kisah Ibrahim bin Adham

Bismillahirrohmanirrohim
kembali saya memetik dari kitab "ushfuriyyah
maaf gambarnya bukan ashli beliau kanjeng syekh.....

Dikisahkan Ibrahim bin Adham adalah seorang Raja yang mempunyai kegemaran berburu di hutan belantara
pindah boso jowo meneh lah..

kolo puniko Ibrahim bin Adham sakrombongan saweg istirahat sekalian mbukak bekel daharan saking ndalem,dumadakan wonten manuk gagak cemeng ingkang nyamber roti bekalipun Kanjeng Raja puniko...
wonten ing salebeting penggalih Kanjeng Raja cukul pitaken "gagak kok nyamber roti?" bade kagem nopo roti puniko...?kagem ngicali raos penasaran puniko Kanjeng Raja sakrombongan banjur ngoyok gagak puniko...dumadakan kepanggih dununging gagak puniko ananging Kanjeng Raja tambah gumun meneh naliko ningali gagak puniko saweg ndulang setunggaling tiyang ingkang dipun bondo/ditaleni tangane,antuke ndulang kanti cucukipun....,dados roti ingkang pun samber saking Kanjeng Raja wau mboten kagem pun tedi piyambak ananging pun dulangake dateng setunggaling tiyang ingkang dipun bondo....
singkating cerito
Kanjeng raja banjur ndangu/taken dateng tiyang ingkang dipun banda wau coro gampanganipun wawancara
dene hasil wawancaranipun inggih puniko...
Tiyang ingkang dipun bondo aslinipun inggih puniko setunggaling pedagang ingkang dipun begal sedoyo daganganipun dipun rampok teras Tiyang puniko dipun iket banjur dibuang wonten ing Jurang...,dene wonten saben dintenipun gagak cemeng wau teko kaliyan mbeto daharan dipun dulangake mawi cucukipun,hal puniko sampun mlampah selami 7 dinten...MasyaAlloh......Subhanalloh....
ningali kahanan puniko kanjeng Raja tambah yaqin tur mantep dening Kekuasaanipun Gusti Alloh
dene Gusti Alloh bakal ngrejekeni sedoyo makhluqipun kanti mergi ingkang mboten menungso kinten...
ningali hal puniko Kanjeng raja banjur kawit rumiyin tesih wonten kumanthil kanthil dateng bondo dunya soho sedoyo kaendahaning dunyo
Sakwusipun Kanjeng raja kondur dateng kedaton....sedoyo budhak-budhakipun ingkang jumlahipun katah(maap sya lupa hitungannya) dipun merdekakake lan wonten ing setunggaling dalu Kanjeng Raja ingkang tindak saking Kerajaan (mengembara),kerajaan sa ingsinipun dipun tinggalke ninggalke sedoyo kenikmatan dunyo ingkang namung sesaat tur mboten abadi kagem taqorrub dateng Alloh Robbul 'Izzati..
Panjenenganipun tindak Haji dateng Makkah kanti numpak kapal samparan/Jalan Kaki......
pada Akhirnyaa beliau menjadi seorang 'Ulama besar yang terkenal ke-Zuhud-an dan ke-shufi-an nya
dan banyak sekali tindak lampah dan fatwa-fatwa beliau yang sangat perlu kita teladani
mugi anak putu sedulur-sedulur kito sedoyo waged pinaringan lumebering 'Ilmu, Asror,madadipun "Kanjeng Syech'.....amin...
'ala ma nawaina a'ala ma nawa Masyayikhina wa 'ala ma nawa Salafussholih wa ila hadlroti bahrissyafa'ah sayyidissaadaatil Mahbuub Muhammadin shollallohu 'alaihi a_alihi wasallam
Al_Fatihah.........

1 komentar: