بسم الله الرحمن الرحيم اللهم صل صلاة كاملة وسلم سلاماتاما على سيدنا محمدالذى تنحل به العقد وتنفرج به الكرب وتقضى به الحوائج وتنال به الرغائب وحسن الخواتم ويستسقى الغمام بوجهه الكريم وعلى اله وصحبه في كل لمحة ونفس بعدد كل معلوم لك

Rabu, 08 Juni 2011

Fadhilah Rojab

Bismillahirrohmanirrohiim
hamdan washolaatan wasalaaman........
kawulo petik mau'adhzoh puniko saking kitab DurrotunNashihiin
ngaji kaliyan Gus "ali Dimiyati sekitar 5 tahun kapengkerdados nuwunsyewu menawi katah ingkang sampun rodo lali.....
Bismillahirrohmaanirrohiim
wasaari'uu ila maghfirotin min robbikum wajaantin......................al ayat
Njeng Nabi Muhammad SAW. ngendiko  ingkang suraosipun kirang langkung:
"Sopo wonge gelem mulyaake wulan puniko (wulan rojab)mongko bakal dipun paringi farohan ( kebungahan>bebas) saking raos ngelak ingkang nemen rikolo dijabel/dicabute nyowo lan metu soko dunyo/mati kelawan nggowo Iman"
ket:>tiyang ingkang saweg dipun jabel nyawane biyosonipun ngraosaken ngelak ingkang nemen
        >sayyididina "ali ra. nate ngendiko: mati kelawan nggowo iman iku saking bejane mboten saged      dipun ijoli mawi dunyo sak isine
wonten hadits lintu Njeng Nabi ngendiko ingkang suraosipun kirang langkung:
"wonten ing dalunipun mi'roj ingsun njeng Nabi sumerep/melihat bengawan ingkang toyanipun langkung manis tinimbang madu,langkung asrep tinimbang salju,langkung wangi gondhone tinimbang misik banjur ingsun Njeng Nabi taken kaliyan Malaikat jibril: "Yaa jibril.... bengawan iki kanggo sopo" banjur jibril mangsuli: " Kagem tiyang ingkang moco sholawat ingatase Panjenengan Kanjeng Nabi wonten ing sak lebete wulwn rojab" "
Ugi wonten hadits lintu Kanjeng SAW. ngendiko ingkang suraosipun
"sinten mawon tiyangipun purun ngurip-urip kawitane wengi siji saking wulan rojab,mongko wong iku mitulungi 70.000 /pitung puluh ewu ahlul khothooyaa ( wong sing akeh keluputane ) ingkang ashlinipun pantes menawi dados ahli neraka"
tesih kelingan setunggal malih......
Kanjeng Nabi ugi ngendiko kinten kinten suraosipun ngaten:
"sopo wonge gelem sholat sunat 20 roka'at ba'dal maghrib wonten ing setunggal dalu saklebete wulan rojab saben2 roka'at moco Fatihah + Surat Ikhlas,mogko gusti Alloh bakal nylametke wong iku,sak keluargane ugi rayate saking bilaine dunya ugi 'adzab akhirat
                                  MASYAA_ALLOH.....................Marhaban Yaa Syahro Rojab.............
mekaten riyin nggih mugi punopo ingkang kawulo serat puniko sagedo manfa'at kagem kito sak keluargo sak anak turun,dzurriyyat sedoyo aamiin.....
dene ingkang perlu sanget kawulo panjenengan sedoyo gatosake inggih puniko... wulan rojab puniko wulan pun isro' mi'rojake  Junjungan kito Nabi Agung muhammad shollallohu 'alaihi wa_alihi wasallam

saking puniko kawula tangled dumateng awak kulo piyambak ugi panjenengan sedoyo
Wis sholat Durung........!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar