بسم الله الرحمن الرحيم اللهم صل صلاة كاملة وسلم سلاماتاما على سيدنا محمدالذى تنحل به العقد وتنفرج به الكرب وتقضى به الحوائج وتنال به الرغائب وحسن الخواتم ويستسقى الغمام بوجهه الكريم وعلى اله وصحبه في كل لمحة ونفس بعدد كل معلوم لك

Rabu, 08 Juni 2011

Kisah Barshesho

Bismillahirrohmaanirrohiim....
hamdan washolaatan wasalaaman
kisah Barshesho puniko kulo kengetan jaman ngaji kitab Durrotun Nashihin ( ta'liif: Syekh "Utsman bin Hasan bin Ahmad al-Syakir),majlis 17 fii Dzammi Syaribil Khomri...
Bismillaahirrohmaanirrohiim....
Yaa Ayyuhalladziina Aamanuu.. innamalkhomru wal-maysiru wal-anshobu wal-azlamu.....al-ayat
Rosulullohi  'alaihishsholaatu wassalaam ngendiko ingkang surahosipun kirang langkung mekaten:
"sopo wonge iman maring Gusti Alloh lan dino akhir ( ay qiyamat ) mongko ojo jagongan ingatasi rampadan (ay mayoran ) kang ngumbe khomer"

Syekh Abu Laits ugi ngendiko ngedohono siro saking khomer krono setuhune ing dalem ngumbe khomer ono sepuluh tingkah kang winodo/tercela:
  • ngenggon-ngenggoni drajate wong edhan >dadi guyonan cah cilik
  • ngilangke akal
  • dadi sebabe mungsuhan antawisipun sedulur lan konco
  • nyegah saking dzikir mring Gusti Alloh lan sholat
  • nggampangake ingatase sekabehane ma'shiyyat...
  • langkung lengkapipun monggo pun tuwini wonten kitab ashalipun....,ngapunten rodlo lali euw...maklum ngaji kitab puniko 5 tqhun silam si......sing jelas ugi kulo anu rodo klalenan...heheheeeeeee..
ingkang sanget bahaya+dipun kuwatirake  puniko medal saking dunyo / mati tanpo nggowo iimaan na'udzubillah tsumma na'udzubillah mindzaalik
magayutan kaliyan hal puniko wonten kisah ingkang sanget terkenak inggih puniko qishshoh barshisho

Kisah Barshesho

Barshesho puniko ngibadah maring Gusti Alloh selami 220 tahun tanpo ma'shiyyat seksdikpun  in dalem zaman 220 tahun puniko wlau sak kedepeng netro,60.000 / sewidak ewu santrine iso mlaku neng awang-awang kelawan sabab berkaeh 'ibadaeh Barshesho hinggo poro Malaa_ikat podo gumun maring Barshesho....MasyaAlloh..........
Ananging.......
gusti Alloh ngendiko maring poro malaa_ikat: "opo sing podo iro kabeh gumunke saking Barshesho...?,setuhune Ingsun Gusti Alloh ngudaneni /mengetahui opo kang iro kabeh podo rak ngerteni....,setuhune Barshesho indalem shifat Maho Ngudaneninipun Ingsun Gusti Alloh bakal kafir lan mlebung neroko sak lawas-lawase sebab ngumbe khomer"
danger.............waduh.......
ternyata Iblis 'alaihi La'natuLLoh.........mendengar pangendikan kolo wau dan menjadi hotline news  baginya
maka........, datanglah iblis ke langgar barshesho dengan menyamar sebagai seorang Ahli ibadah dan Dia berkata kepada Barshesho.." Saya adalah seorang ahli ibadah dan akan menolong Ibadahmu kepada barshesho,kemudian....., Dia bermujahadah  selama 3 hari 3 malam  tanpa makan tanpa tidur....WoW...!!!!!!?????
Barshesho pun terkagum-kagum....seraya berkata...." ingsun 'ibadah selami 220 tahun ananging ora iso nek kon tinggal mangan lan turu.....
 Iblis berkata: kiyeh tek ceritani.... Aku mbiyen tau gawe dosa maring Gusti Alloh,lha nek Aku           kelingan dosa kuwi Aku ra iso turu yo ra doyan mangan....
Barshesho    : Lha kulo pripun carane yo... ben iso koyo rika?
Iblis                   : kaya kiyeh....kowe ma'shioyyat maring Gusti alloh ngko terus tobat gusti Alloh kan moho welas asih....

Barshesho tergiur..................!!!! XXXXXX !!!!

Barshesho : ma'shiyyat apa yah.....?
Iblis               : Zina..!!
Barshesho : ora lah...
Iblis               : mateni wong mu'min..!!!
Barshesho : ora Aku ora kayakuwe lah..
Iblis               : Ngumbe khomer.....!!! mendem..!!! ngefly.....!!!!
Barshesho : lha cocog kuwe sing ana aring ndi..?
Iblis                : ngkana..!! aring deso >.... X,......<

Barshesho nuli lunga neng deso iku lan nemu ono wong wadhon Ayu sing dodol khomer banjur barshesho tuku njuk ngombe nganti mendem, sak wise mendem Barshesho njuk ngroyali Bakul khomere mau..... gambar disensor.. 17+
njuk bojone bakul khomer mau ngerti bojone agi di royali.... malah dipateni sisan nang barsheso....
waduh waduh waduuuuuuuuuuuuh
maune ra gelem zina malah mbasa mendem gelem royal,maune ra gelem mateni malah mbasa mendem mateni bojone wong wadon sing diroyaalii....FAYAAHUN 'ADHZIIMUN ..... PAYAH MUROKKAB

Naah sekarang Iblis mngganti penyamarannya menjadi orang awam dan melaporkan kriminal ini kepada Pengadilan setempat sehingga barshesho dijilid 80 kali untuk hukuman ngumbe khomer dan 100 kali untuk hukuman zina dan di shalib sebagai dam membunuh.....
ditengah kepayahan barshesho datang danberkata :
Aku nyoba iro 220 tahun...,lha saki koe kowe tak shalib yen  Aku karep ngudunnake/nguculke saliban iro tak dunke yo tak dunke iro wes saiki kowe sujud meng aku pisan wae......
barshesho menjawab : Aku ora iso sujud lha wong Aku dishalib kok...
Iblis                                      : yo wes...sujudo kelawan iimaan ( tegese nyembah Iblis )
maka barshesho bersujud dan secara otomatis menjadi kafir biLLaah...
na'udzubillah...........
mekaten lah kisah Barshesho sekaligus pepeling supoyo kulo panjenengan sedoyo ojo nyedak-nyedak karo sing jenenge khomer...,utowone sekabehane barang sing mendhemi....
mbahayani banget labet-e/ efek-e

3 komentar: