بسم الله الرحمن الرحيم اللهم صل صلاة كاملة وسلم سلاماتاما على سيدنا محمدالذى تنحل به العقد وتنفرج به الكرب وتقضى به الحوائج وتنال به الرغائب وحسن الخواتم ويستسقى الغمام بوجهه الكريم وعلى اله وصحبه في كل لمحة ونفس بعدد كل معلوم لك

Jumat, 10 Juni 2011

Adab dan Kiat-kiat berdo'a

Bismillahirrohmaanirrohim....
hamdan washolaatan wasalaaman
kulo mituturi awak kulo piyambak...menawi panjenengan sami kerso maos nopo malih nglakoni nggih Alhamdulillah..,
kiat-kiat puniko kulo kumpulake saking pangendikanipun poro Masyayikh ugi poro 'Ulama Ageng ingkang Alhamdulillah dumugi wonten awak kulo panjenengan sedoyo..., nuwunsyewu menawi susunanipun rodo mbundet punopodene kirang trepsilo menggah panjenengan sedoyo amargi kekirangan pribadi kulo piyambak...langsung kemawon kawulo aturaken....

Bismillahirrohmaanirrohiim
Ndunga puniko setunggaling 'Ibadah ingkang penting kranten sampun dipun dawuhke dening Gusti Alloh Ugi rosulipun
> Ud'uunii astajib lakum                            al-ayat (QS. Al-Isro)
> Addu'aa_u Mukhkhul 'Ibaadah            alhadits
Gusti alloh remen kaliyan tiyang ingkang purun Ndo'a kranten menawi tiyang purun Ndo'a berarti tiyang kkolo wau ngrumangsani dene menungso mboten saged punopo-punopo kejawi kelawan pitulung saking Gusti Alloh....
dene totokromonipun ingging puniko
  • Dipun kawiti basmalah dipun pungkasi mawi hamdalah
Katah sanget qoul ingkang nerangake kautamaane ngawiti perkoro sae mawi basmalah dene ingkang kulo kengetan inggih puniko " saben-saben perkoro sae menawi mboten dipun kawiti basmalah puniko kurang berkah.
wondenten hamdalah...
kasebat wonten fathilqorib al-mujib : hamdalah kuwi pungkasane saben-saben do'a kang di_ijabahi/disembadani
malah kulo nate mireng qoul.. "afdloluszikri : Laa Ilaaha IllaLLooh,afdloluddu'a : Alhamdulillaah"
  • Sholawat ingatase Kanjeng Nabi Muhammad SAW
katah hadits nerangake sholawat salah setuggalipun inggih puniko ingkang suraosipun kirang langkung
"wonten ing antawisipun do'a kaliyan langit puniko wonten piten-pinten hijab/ satir/ tutup,menawi dipun waosake sholawat tutup puniko ka-obong/terbakar,sehingga do'a sadet nerobos langit...wow !!! wonderfull
 
  • Ikhlas
Ikhlas panci setunggaling perkoro ingkang sanget angelipun /sulittttttt, dene alternatif ingkang bioso dipun tempuh inggih puniko nglampaih "Ibadah semata-mata nderek dawuhipun Gusti Alloh > nderek dawuh
  • Khusyu'
Khusyu' ugi sanget angelipun, ananging wonten pangendikan  "awale urung khusyu' yo ora popo..., sisuk nek wis bioso kan iso..., yo karo ajar......
>menawi coro mbah kulo suwe-suwe dangu........ hehehe baris ini Just Kidding
Saking puniko kualitas do'a wektu bengi ngarepaken isuk cenderung lebih utama di bandingkan ndo'a di siang bolong... tapi ndo'a pas bedug bleng coro Guru Kulo sangat Mustajabah kranten wektu niku Pintu Langit dibukak view "Bidayatul Hidayah"
  • Husnudzon
Husnudzon teng mriki Husnudzon dene Gusti alloh bakal ngijabaih do'a/ panyuwun ningali ayat "ud'uuni........ al-ayat" ingkang gampangane ma'nani "podo njaluko siro kabeh maring Ingsun Gusti Alloh maka Ingsun Gusti Alloh bakal nyembadani ,,,,, waLLohu a'lam bimurodih
sebagai contoh Aku due rambutan terus ngomong karo kancane ngeneh dolan meng umahku ngko tek wei rambutan...,angger kancane teka apa enggane ora tek wei..? apa Aku ra isin..????
Lha niki ingkang Janji gusti Alloh Ingkang kagungan segala-galane sampun wes... piye...Di... Rosyadi.....

lan ampun ngatos berputus asa menawi mboten di_ijabaih neng dunyo yo neng Akhirat
kasebut wonten syarahipun Kitab Hikam...,dunya iki ora cukup kanggo panggenan piwales saking gusti Alloh,ora mot, kurang jembar cara internete ya kuotane ora nyait kanggo nginstal jembare,indaeh,dll.
  • Tadlorru' / depe-depe
wonten ingkang nerangake tadhorru' puniko coro lare nom kuwi PDKT, tiyang ingkang sampun keparek/dekat kaliyan Gusti Alloh puniko punopo penyuwune bakal den sembadani
sebagai contoh kulo panjenengan maring kekasih tersayang maka akan timbul slogan milikku milikmu and the overside  hehehe....., bener pora lah iki basa inggerise lawas ra sekolah
kadose menawi sampun ngten tiyang puniko bakal ngraosake ledzate Munajat Cinta......

wonten malih ingkang ma'nani taslorru' puniko  tingkat sak nginggile tawadlu' coro wong tuwone nthong-nthongan ora iso rekadaya opo-opo keculi atas pitulunganipun Gusti Alloh menawi kados ngaten berarti tiyang puniko mulai ngancik SORNODHOPES rumongso Asor Ino Bodho Apes, coro Guru Kulo...., menawi sampun ngaten insyaAlloh tiyang puniko pun tebihake saking penyakit-penyakit ingkang angel tombone inggih puniko penyakit ati kadosto 'ujub,riya,takabur,etc./ sak pinunggalane.
  • Sekalian nyuwunke tiyang lintu
wonten pangendikan " Arikalane ono Mu'min ndo'akke sae kagem Mu'min lintu mongko Malaikat Njawab mugi ingatase siro ugi" kuwi..... lumayan thow didongakke Malaikat
wonten malih Pangendikan " bentene keluhuran drajate ndo'a kanggo piyambak kaliyan sisan damel ndo'akke tiyang lintu iku kados Bumi ( untuk nd'a go dewek) lan Langit (sekaliyan ndo'akke tiyang lintu)

  • Ndinginake Penyuwunan kang Bongso Akhirat
Nandur Pari tukul suket nandur duket tukul pari mboten?
kuwi tembung kiasan ingkang asring sanget kito mirengke walopun abot leh menghayati
dawuhipun Guru kulo menawi ndonga penyuwunan ingkang wonten hubunganipun kaliyan akhirat supoyo dipun riyinaken kadosto: husnul khotimah/mati nggowo iman,maghfiroh/pangapuro atas dosa tuwin keluputan, hidayah/ pituduh marang kabecikan and so on,
banjur nyuwun ingkang babagan dunyo punopo ingkang wonten wonten manah kulo Panjenengan temtuke mawon nggih igkang sae-sae mboten nyuwun ingkang olo thow?
ngendikanipun Guru kulo menawi purun nyuwun kesaenan akhirat insyaAlloh diparingi kesaenan dunyane..
lan sakpiturute lan sakpiturute
wonten ingmriki ketingalipun berseberangan kaliyan ayat ..............robbana aatinaa fiddunya hasanah wafil-akhiroti hasanah..... al-ayat ananging monggo tigali surat al-Fatihah
ing padahal wonten Pangendikan "Kitab-Kitab lan shuhuf terangkum wonten al-Qur'an, al-Qur'an terangkum wonten Fatihah, dst, dst."
wallohu a'lam
Lihushuli maqoshisina min maqosisdi dinina wasunyaana wa ukhroona waila hadlroti BahriSysyafa'ah SayyidiSsadaatilMahbub shollaLLohu 'alaihi wa_alihi wasallam
Al_Faatihah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar